Sajak Dulurku

18:03

Dulurku Lanang Bangkit

Kit…….

Wulan iki limang tahun kepungkur

Sliramu lair.

Ngancani aku ngrewangi bapak ibu.

Najan kadang mung dadine tukaran.

Aja salah tampa

Kabeh mau merga kowe adiku lan aku tresna

Ewa semana aku uga njaluk pangapura.

Dulurku lanang bangkit

Ayo wiwit dina iki pada ngatokna bektine marang wong tua

Kanti manut miturut lanm sregep sinau.

Kejaba saka kuwe.

Kowe aja nakal,

Aja dumeh lanang dewek.

Lan kuwe uga aja wedi merga ara nana kanca lanang

Mbok isih ana bapak.

Kit….

Aku lan adimu apit ora bisa paring hadiah.

Kejaba rasa syukur, muga muga Gusti Allah paring umur panjang

lan kepinteran.

Mung gegurit iki minangka rasa bungah syukurku.

Uga tak hadiahi Al Fatihah iki….

Slamet ya kit

Slamet……


[Sajak ini bikinan bapakku pas aku masih umur lima tahun. Kakak perempuanku yang baca puisi ini sewaktu ulang tahunku. Judul aslinya nggak ada, jadi aku bikin judul sendiri.]

You Might Also Like

0 komentar